Hati-Hati Beli Gorengan

September 15, 2021

Pembeli (B): "Yu, aku tuku gorengane.
Penjual (J): "Sing endi, kang?"

(B): "Lho ... Ono pirang macem, Yu?
(J): "Sing iki pisang goreng rong ewu telu,
Mendoan rong ewu papat,
Tahu goreng rong ewu lima, kang!
Sampean arep tuku sing endi kang?

(B): "Walah ... Gorengan wis kedaluwarsa kabeh iku. Kok sik didol ae, Yu yu?!
(J): "Èh ..., sampean nek ngomong sing enak po o ... Jajal deloken disik, sik anyar iki nembe tak entas teko wajan kok ngomong kedaluwarsa?
Sampean ojok ngawur loh ngomonge

(B): "Lho ..., lah sampean dewe tah sing omong mau, pisang goreng 2003, mendoan 2004, tahu goreng 2005.
Lha sak iki wis taun 2021 Yu!
Ýo opo ga wis kedaluwarsa iku??!

(J): Walah, koe ... jan kakean omong
Lambemu tak goreng sisan engko tak dol rong ewu rongpuluh siji ...!! 😄😄😄😜😜😜

You Might Also Like

0 comments

Populer

Like us on Facebook

Flickr Images