Lontong

April 27, 2019

Putu: “Gek ngopo sampean Mbah? “
Si Mbah: “ Nggolek godhong gedhang le.”

Putu:  “Godhong gedhang gawe opo Mbah?"
Si Mbah: “Gawe bungkus lontong.”

Putu: “Lontong gawe opo Mbah?”
Si Mbah:  “Mengko dipangan karo opor.”

Putu: “oooo sik mengko ...  lha saiki ngopo Mbah?
Si Mbah: “Nggolek godhong gedhang leee!”

Putu: “Gawe opo Mbah?“
Si Mbah: “Digawe bungkus lontong!! Khan mau wis tak kandani leee?!”

Putu: “Lontong digawe opo Mbah?”
Si Mbah: “Dipangan karo opor leee, mosok digawe ganjel lawang?“

Putu: “Oh ngono yo Mbah?”
Si Mbah: “Iyooo, wis kono lungo, ojo ngganggu aku!”

Putu: “Kenopo Mbah?“
Si Mbah: “Kan aku akeh gawean saiki …!”

Putu: “Gawean opo Mbah?”
Si Mbah: “Maasyaa Allaaah ... nggolek godhong gedhaaaang lee ...!!!”

Putu: “Godhong gedhang gawe opo Mbah…?”
Si Mbah: “Digawe lontoooong, ra krungu tho kowe?????!!“

Putu: “Si Mbah ngomong karo sopo …?“
Si Mbah: “Astaghfirullah ... karo kowee ... tho leee...!!!

Putu: “Lha nek karo aku, kenopo si Mbah bengak-bengok? Aku kan nang kene wae.”
Si Mbah: “Mripatmu merem tho ...!! Soale kowe bodho … ora ndelok tho aku lagi akeh gawean????!!!! “

Putu: “Gawean opo Mbah?“
Si Mbah: “Dengkulmu anjloogg!!!! Nggolek godhong gedhaaaang leee ...!!“

Putu: “Godhong gedhang gawe opo Mbah?”
Si Mbah: “Lambemu ambrol ... digawe bungkus lontong, lontong yo dipangan leeeee!!!!“

Putu: “Kan nang omah ono sego, kenopo Si Mbah mangan lontong campur godhong gedhang Mbah??”
Si Mbah: “Putuku sing nggantheng ireng thuntheng koyok areng, kowe dolan sing adoh, nek perlu ora usah mbalek sak lawase!!!!!, Engkok Si Mbah bludregke kumat. Si Mbah lagi nyambut gawe saiki!!”

Putu: “Kenopo kok bludreg Mbah? Sakjane si Mbah nggolek godhong gedhang opo bludreg sih? Bludreg kuwi opo sih Mbah? Iso digawe bungkus lontong tho …?“
Si Mbah: “Ya ampuun. ... le .. lee ...!! Kok guoblok tenan koweeee ...!!!! Kenthiiir!!!!“

Putu: “Kenthir??? Si Mbah stress yo?“
Si Mbah: “Iyo si mbah stress! Mumet ndasku ono kowe ngganggu aku nyambut gawe!!“

Putu: “Nek nyambut gawe nggolek godhong gedhang marai mumet …, kenopo si Mbah isih tetep nggolek godhong gedhang?”
Si Mbah: “Wis wis ora usah kakean cangkem!! Saiki minggato, muliho wae kowe!!!“

Putu: “Iyo Mbah, aku muleh wae … si Mbah ora muleh sisan …??”
Si Mbah: “Oraaa, aku isih akeh gawean.“

Putu: “Gawean opo Mbah …?”
Si Mbah: “Weduss ...!!! Takok maneh!!!!! Nggolek godhong gedhang,..!!!!

Putu: "Godhong gedhang gawe opo Mbah?”
Si Mbah: “Gawe njejeli lambemu ...!!!!????

Putu: “Lha jarene mau gawe bungkus lontong Mbah?”

Si Mbah kejét-kejét trus semaput .... 😭😭

You Might Also Like

0 comments

Populer

Like us on Facebook

Flickr Images