Goro-Goro Salah Sambung

April 21, 2022

cerita pagi
Wawan wiryawan meneh ... 😳😃

Kring ... Kringgg ...!! Telepon muni ping limo, langsung diangkat Inem, batur anyar:

Wawan: Halo sopo iki?
Inem: kulo inem Pak, pembantu ènggal - nembé mawon dateng.

Wawan: Tulung celukno Ibuk_e, omongno Bapak arep ngomong.
Inem: Ibu nembe wonten kamar Pak kaléh tamuné.

Wawan: Lho ... sopo tamuné??!!!
Inem: Duko sinten, jaler Pak, tiyangé Putih, inggil, ngguanteng.

Wawan: Wah bojoku selingkuh rèk ...! Cepet ... jukukno linggis nang cedak kono.
Inem: Mboten wonten Pak, niki entene Kayu palang ganjel lawang Pak.

Wawan: Yo wis, saiki gebukno nang Gegeré Ibuk_e karo wong lanang iku ...!! Cepet yoo, penting iki.

Waahh bojo siji selingkuh pisan!

Inem, langsung mlayu nang kamar, wong loro sing lagi omong-omongan nang njero kono, langsung di smash nganggo kayu ganjel lawang.

Blug ... Blug ... Ngek ... Ngek ...!! Rong gebukan, wis langsung semaput loro-loroné.

Terus Inem mbalik nang télépon.

Inem: Sampun pak, pun semaput sedaya tiyang é ...!!

Wawan: Bagus, mengko tak undakno bayaranmu. Saiki, kayuné buangen nang jendèlo mburi omah, iku langsung tibo mlebu kali.
Inem: Teng mburi mboten wonten jendèlo niku Pak.

Wawan: Lho iki omah nang Susukan gang papat kan?
Inem: Sanès, niki griyone  teng Jalan Pamularsih nomer Limo Pak_e ...

Wawan: Ohh ... sepuroné - salah sambung lèk ngono ...!
Wis Cepeet ndang minggato wae Nem ... mumpung durung gègèr ...!!! 🙀

Sekali lagi mohon maaf jika ada kesamaan nama dan tempat di atas

You Might Also Like

0 comments

Populer

Like us on Facebook

Flickr Images