Suami Istri yang Cocok ...

December 02, 2021

Kartollo ngobrol karo bojone neng teras omah.

Bojo: Mas, aku kepengin latihan renang, oleh tah?!
Kartolo: Arep nggo opo?! Wis tuwek ndadak pethakilan kepengin renang barang.

Bojo: Yo ben langsing to Mas, koyok jaman isih perawan ndhisik! ☺
Kartolo: Haalaah, iwak paus kae sing saben dina renang ya tetep gendut!

Bojo: Huhhhhh ...!! 😁

Seminggu sak uwise udur-unduran ...

Kartolo: Jeng, wiwit saiki aku arep mangan buah-buahan sing uaakeh. Sesuk tukokna neng pasar yo!

Bojo: Tumben doyan buah-buahan, arep nggo apa to mas?
Kartolo: Yo ben sehat to jeng, seger lan ganteng koyo jaman nom-noman dhisik. Kan kowe yo melu bangga!

Bojo: Alaaah Mas, munyuk kae saben dina  mangan buah-buahan, rupane yo tetep elek.

... bersemangatlah,
Salam Catfizer

You Might Also Like

0 comments

Populer

Like us on Facebook

Flickr Images