Lali Pleng ....

October 13, 2021

Jan kurang ajar Wakidi ki.

Dikongkon dadi imam traweh.
Suarane apik, makmume yo khusuk.

Nalika rampung witir la kok munggah nang mimbar, dikirone jamaah arep aweh ceramah, jebulane ngomong:

"Hadirin jamaah isyak lan traweh ingkang mulyo, mangke bakda niki jenengan sedaya sholat malih nggih?!"

Makmum podo kaget.

Banjur si Wakidi nglanjutne pidatone, "Amargi kulo nembe kelingan yen kulo wau lali durung wudhu ... eling kulo nggih pas rampung sholat witir niki wau."

Makmum pada geger nang mburi karo misuh-misuh.

Ana sing omong "Tekkek ... ngono ra ngomong kaet  mau ... lha ngeneki dengkulku wis keju arep mlicet malah kon mbaleni maneh.

Aku yo ngguyu ngekel ... karepku meh tak balang sandal ... tapi aku mangkat nang masjid ora nggawa sandal.

Wakakakakakaka ... oalah Diii Di ....

... 😄🙏🏻

You Might Also Like

0 comments

Populer

Like us on Facebook

Flickr Images