Mbah lanang Bejo pengen ngrayakke ulang tahun mbah wedok. Budal numpak andong niate tuku kado, karo mikir "Enake tak tukokno opo yo?"
Persis neng sebelahe, ono bocah wedok sing lagi moco iklan kutang. "Nahh ... ikiii ... wis yen ngono tak tukokno kutang wae ah," pikire mbah Jo.
Tekan pasar, mbah Jo mlebu toko khusus jeroane wong wedok; kutang, cawet do gemlantungan warno-warni.
Pelayan toko takon: "Golek nopo Mbah?"
Si Mbah: "Golek kutang Nduk, dinggo ultah bojoku."
Pelayan (karo mesam-mesem): "Ngangge ukuran pinten Mbah, garwonipun?"
Si mbah: "Nah kui Nduk masalahe, aku mung tau-ne nyekel-nyekel wae, yen ukurane ra weruh."
Pelayan (karo ngempet ngguyu) ora kurang akal: "Coba dieling-eling nggih Mbah, nopo sak jeruk bali?"
Si mbah: "Huwiiikk?! Gedhee men to nduk ... ora nganti semono."
Pelayan: "Sak apel malang Mbah?"
Si mbah: " Naa ... kurang cilik sithik."
Pelayan: "Sak endog bebek Mbah?&q…
Comments
Post a Comment